Senin, 25 Mei 2015

WIRIDAN 019: PUJIAN SHOLAT DZUHUR



PUJIAN  SHOLAT  DZUHUR


رَبَّنَا يَارَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ
مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

Turunane Ibu Hawa Bapa Adam
Gelem netepi pengaturan Iman Islam

Gage wudhu tandang sholat rong roka’at
Gawe gedong ning suarga nikmat rohat

Gedong suarga bata emas perak selaka
Mambu  kasturi  ja'faron kangge dika

Sapa wonge pengen sugih dunya akhirat
Awan kerja bengi kerja aja keliwat
 
Ayu sholat kula kabeh berjamaah
Gagian kumpul berjamaah olih hikmah

Ya hikmahe wongkang solat berjamaah
Drajat pitu likur seneng nemu bungah

Senajana ora khusyu ning atine 
Sebab nyata imam lan makmum pada bodone 

Ya ditrima sholate banget rageme
Niyat ngurip-ngurip Agama Islame

Batuk niba sikil madal sujud syukur
Dedongane mugi slamet subur makmur

Allah Allah ya Allah Gusti Pengeran
Nuhun kiyat ibadah kula lagi blajaran

Mlarat ning dunya olih mangan olih nginum
Mlarat akherat mangane ya mung Ri Zakum

Ora manjing ora metu ning gorokan
Dadi nutupi maring dalane ambekan 

Wong ning neraka jerat jerit jaluk nginum
Nggo ngilangaken serete mangan ri zakum

Den inumi godogan timah banget panase
Usus ambrol daging ambrol pada rantase

Aduh gusti awak kula ya kepripun
Balik sing dunia mlebu kubur dadi getun

Aduh awak kagila-gila bodone
Tiwas pegel ibadah kula langka kanggone

Ayu donga muja muji awak kula
Nuhun dirobah nasib kula ingkang ala

Gusti nuhun panjang umur jembar rezeki
Mugi Allah nolak blai sa’ puniki

Amin Amin Ya Allah Robbul ‘alamin
Nuhun diqobul donga kula tiang miskin

                       Amin-amin Ya Allah Robul 'alamin
Mugi kula dadi golongan wong mu'min

Amin Amin Ya Allah Robbul alamin
Mugi slamet sedayane tiang mu’min

2 komentar:

  1. Terima kasih, semoga bermanfaat buat saya dan buat yang posting

    BalasHapus
  2. Mantap kang, semoga lestari, dan sejarah tentang asyahadatain selalu terjaga.

    BalasHapus