Selasa, 19 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 011



Mutiara Nadzom 011

Ibadah Antarane Maghrib lan ‘Isya

Lan ibadah antarane Maghrib ‘Isya
Tinggal ngobrol ngajiya kang durung bisa

Sapa wonge Sholat ‘Isya berjama’ah
Persasate sholat dalu ya setengah

Berjama’ah waktu Shubuh sira gageh
Ya sawengi persasate sholat kabeh

Bengi awan dadi tunggangan karone
Mangka nungganga sira ing sekarone

Kanggo sangu tumeka maring akherat
Lamun ora duwe sangu tetep melarat

Sapa wonge pengen sugih dunya akherat
Awan kasab halal bengi go munajat

Sapa wonge pengen selamet dunya akherat
Awan kerja bengi kerja aja keliwat

Batuk niba sikil madal sujud syukur
Dedongane mugi selamet subur ma’mur

Untung temen jam telune kita melek
Kita melek amal soleh go kita dewek

Wong ning laki wajib toat lawan bakti
Sampe tuwa wajib to’at lubar mati

Ayu batur tandang eling maring mati
Aja gingsir sabab mati bakal bukti

Lali maring mati sasar kang pertela
Ora tandang tobat tetep tingkah ala

Ayu santri gageh deleng maring ayat
Enggal tobat mungpung durung teka la’nat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar