Selasa, 19 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 001



Mutiara Nadzom 001

Syetan iku werna loro :
1. Syetan  Jin.    
2. Syetan Menusa.

(Rupane Syetan Menusa)

Sapa nyegah gawe bagus iku syetan
Senajana nganggo sorban lan topongan

Gageh-gageh luruh bagus tetep syukur
Ati lemes andap asor ayu akur

Elingana iki zaman wis akhir
Ilmu Amal Iman Islam wajib mikir

Rongokna kuping bolong ngati-ati
Syahadat loro dipun gelar kebon melati

Luruh ilmu ingkang sabar telatenana
Ning suwarga ganjarane werna-werna

Sabar iku dadi separone Iman
Dedongaha mugi-mugi gageh aman

Sira santri ngaji syahadat ing kang temen
Pertandane sira nyata banget demen

Aja kongsi eling sira waktu lara
Mengko belahi nemu susah awak ira

Thibbul Awfaqi Lil Imamil Ghozali
Dawuh Abah dikon maca aja lali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar