Selasa, 19 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 003



Mutiara Nadzom 003

اَلْخَيْرُ كُلُّهُ فِيْ الْاِتِّباَعِ  #  وَ الشَّرُّ كُلُّهُ فِيْ الْاِبْتِداَعِ

Kabeh bagus anut lampah Kanjeng Nabi
Kabeh ala nulayani Kanjeng Nabi

Ning dawuhe Kanjeng Nabi aja lali
Sholluu kamaa roaytumuunii usholli

Kanjeng Nabi iku perentah maring umat
Dikon tiru Kanjeng Nabi tingkah sholat

Ta’ammamuu fa innal malaaikata
Ta’ammamatKanjeng Nabi akon kita

Sira kabeh pada nganggoa ing sorban
Para malaikat pada nganggo sorban

Lan dawuhe Kanjeng Nabi Ta’ammamuu
Fa innasy syayaathina laa tata’ammamu

Sira kabeh pada nganggoa ing sorban
Kerana syetan ora pada nganggo sorban

Dawuhe Nabi :

اِنَّ لِلّهِ مَلاَئِكَةَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِلاَبِسِيْ الْعَماَئِمِ

Malaikat jalukaken pangapura
Ning wong nganggo sorban gubed anang sirah

Dawuhe Nabi:

رَكْعَتاَنِ بِعِماَمَةٍ خَيْرٌ مِنْ سَبْعِيْنَ رَكْعَةً بِلاَ عِماَمَةٍ

Rong roka’at nganggo sorban luwih bagus
Saking pitung puluh roka’at kang mulus

Tidak ada komentar:

Posting Komentar