Tampilkan postingan dengan label NADZOMAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label NADZOMAN. Tampilkan semua postingan

Senin, 25 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 012



MUTIARA NADZOM 012

Gusti sinuhun nawuri sorban
Ngideri mesjid minangka hudan

Dipun beber Nyai Mas Ayu
Gandasari saking Dermayu

Duh Gusti sae temen
Sorban niki kangge sinten

Jawab Gusti sorban niki
Kangge umat Kanjeng Nabi

Umat ing kang purun sholat
Serta nurut perentah sunnat

Perentah Allah kang den pasti
Ora tinggal sampe mati

Lamun sira dadi wong mampang
Alamat   bakal    ke jurang

Prentah Alloh Prentah Rosul
Ahli Nabi dipun singkur

Ngaku bisa ning syahadat
Takabur kang luwih berat

Berate ngaku bisa
Mangka Alloh bakal nyiksa

Siksane    kasia - sia
Sira nyingkur ning wong mulya

Aja sambat kaniyaya
Bakal teka mungsuh ira

Sing kandel-kandel kulite
Sing akas-akas balunge

Sing tegas penjawabane
Diganden mangsa wurunga

Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam

Ning Kanjeng Nabi sarta kholifah
Ali Nabi Siti Khodijah

Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam

Ning Kanjeng Nabi ning adepan
Ayu matur mungpung sowan


Selasa, 19 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 011



Mutiara Nadzom 011

Ibadah Antarane Maghrib lan ‘Isya

Lan ibadah antarane Maghrib ‘Isya
Tinggal ngobrol ngajiya kang durung bisa

Sapa wonge Sholat ‘Isya berjama’ah
Persasate sholat dalu ya setengah

Berjama’ah waktu Shubuh sira gageh
Ya sawengi persasate sholat kabeh

Bengi awan dadi tunggangan karone
Mangka nungganga sira ing sekarone

Kanggo sangu tumeka maring akherat
Lamun ora duwe sangu tetep melarat

Sapa wonge pengen sugih dunya akherat
Awan kasab halal bengi go munajat

Sapa wonge pengen selamet dunya akherat
Awan kerja bengi kerja aja keliwat

Batuk niba sikil madal sujud syukur
Dedongane mugi selamet subur ma’mur

Untung temen jam telune kita melek
Kita melek amal soleh go kita dewek

Wong ning laki wajib toat lawan bakti
Sampe tuwa wajib to’at lubar mati

Ayu batur tandang eling maring mati
Aja gingsir sabab mati bakal bukti

Lali maring mati sasar kang pertela
Ora tandang tobat tetep tingkah ala

Ayu santri gageh deleng maring ayat
Enggal tobat mungpung durung teka la’nat

MUTIARA NADZOM 010



Mutiara Nadzom 010

Sholat Dhuha
                                                          
ثُمَّ الضُّحَى صَلِّ وَ لاَ تَدَعِ الْفِكَر
                        بِهُجُوْمِ مَوْتٍ وَ التَّحَسُّرِ وَ الْبِلاَ

Sholat Dhuha lan aja tinggal pikiran
Teka pati lan susah lan busuk badan

Aduh awak kita nelangsa kerusakan
Dhuha Tahajjud madangaken ning kuburan

اُصَلِّيْ سُنَّة الضُّحَى رَكْعَتَيْنِ لِلّهِ تَعاَلَى اللهُ اَكْبَرُ
Sujud ingkang akhir piyambek maca iki patang puluh papat (44) ambalan.

Sejerone Sujude Sholat Dhuha :

ياَ فَتَّاحُ ياَ رَزَّاقُ ياَ رَحْمنُ ياَ رَحِيْمُ

MUTIARA NADZOM 009



Mutiara Nadzom 009

Sholat Isyroq

حَتَّى اِذاَ شَمْسٌ بَدَتْ كَرُمَيْحِناَ
                                صَلَّى لِاِشْراَقٍ وَ قُرْاناً تَلاَ

Yen srengenge munjuk kadar sapanumbak
Pada ngelakonana Sholat Sunnah Isyroq

Lagan maca Qur’an sehizib kidike
Utamane macane kang luwih akeh

اُصَلِّيْ سُنَّة الْاِشَراَقِ رَكْعَتَيْنِ لِلّهِ تَعاَلَى اللهُ اَكْبَرُ