Senin, 25 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 012



MUTIARA NADZOM 012

Gusti sinuhun nawuri sorban
Ngideri mesjid minangka hudan

Dipun beber Nyai Mas Ayu
Gandasari saking Dermayu

Duh Gusti sae temen
Sorban niki kangge sinten

Jawab Gusti sorban niki
Kangge umat Kanjeng Nabi

Umat ing kang purun sholat
Serta nurut perentah sunnat

Perentah Allah kang den pasti
Ora tinggal sampe mati

Lamun sira dadi wong mampang
Alamat   bakal    ke jurang

Prentah Alloh Prentah Rosul
Ahli Nabi dipun singkur

Ngaku bisa ning syahadat
Takabur kang luwih berat

Berate ngaku bisa
Mangka Alloh bakal nyiksa

Siksane    kasia - sia
Sira nyingkur ning wong mulya

Aja sambat kaniyaya
Bakal teka mungsuh ira

Sing kandel-kandel kulite
Sing akas-akas balunge

Sing tegas penjawabane
Diganden mangsa wurunga

Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam

Ning Kanjeng Nabi sarta kholifah
Ali Nabi Siti Khodijah

Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam

Ning Kanjeng Nabi ning adepan
Ayu matur mungpung sowan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar