Selasa, 19 Mei 2015

MUTIARA NADZOM 005



Mutiara Nadzom 005

Sholat wajib atas mu’min lanang wadone
Kelawan wis ditamtukaken waktune
عَجِّلُوْا بِالصَّلاَةِ قَبْلَ الْفَوْتِ
                                وَ عَجِّلُوْا بِالتَّوْبَةِ قَبْلَ الْمَوْتِ

Gageh sholat mungpung waktu durung ganti
Gageh tobat mungpung sira durung mati

Lan weruha sira jami’il muslimin
Dawuh Nabi Ash-Sholatu ‘Imaduddiin

Sholat iku dadi sakane agama
Aja tinggal senajan repot poma-poma

فَمَنْ اَقاَمَهاَ فَقَدْ اَقاَمَ الدِّيْنَ
                        فَمَنْ تَرَكَهاَ فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنَ
Wong kang sholat ngadekaken ing agama
Wong kang tinggal ngerubuhaken ing agama

Lamun tinggal sira wajib ngodhoni
Lamon ora qodho Pengeran bendoni



1 komentar:

  1. Assalamualaikum kang Agus. Pripun niat ngodo sholat kang pernah di tinggalaken.. Karena sebab2 lain2 dan kapan waktu kang bagus / waktu tepat e kanggo ngodo sholat kang penah ketinggal...

    BalasHapus