MUTIARA
NADZOM 012
Gusti sinuhun nawuri
sorban
Ngideri mesjid
minangka hudan
Dipun beber Nyai Mas
Ayu
Gandasari saking
Dermayu
Duh Gusti sae temen
Sorban niki kangge
sinten
Jawab Gusti sorban
niki
Kangge umat Kanjeng
Nabi
Umat ing kang purun
sholat
Serta nurut perentah
sunnat
Perentah Allah kang
den pasti
Ora tinggal sampe
mati
Lamun sira dadi wong
mampang
Alamat bakal
ke jurang
Prentah Alloh
Prentah Rosul
Ahli Nabi dipun
singkur
Ngaku bisa ning
syahadat
Takabur kang luwih
berat
Berate ngaku bisa
Mangka Alloh bakal
nyiksa
Siksane kasia - sia
Sira nyingkur ning
wong mulya
Aja sambat kaniyaya
Bakal teka mungsuh
ira
Sing kandel-kandel
kulite
Sing akas-akas
balunge
Sing tegas
penjawabane
Diganden mangsa
wurunga
Ya Muhaiminu Ya
Salaam
Nuhun Rohmat sarta
Salam
Ning Kanjeng Nabi
sarta kholifah
Ali Nabi Siti
Khodijah
Ya Muhaiminu Ya
Salaam
Nuhun Rohmat sarta
Salam
Ning Kanjeng Nabi
ning adepan
Ayu matur mungpung
sowan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar